Contoh Sesorah Bahasa Jawa
Contoh Sesorah Bahasa Jawa. Di sekolah, selain mempelajari bahasa Indonesia dan bahasa asing, umumnya kita juga mempelajari bahasa daerah masing-masing atau bahasa daerah mayoritas masyarakat di sekitar sekolah. Khusus sekolah-sekolah di pulau Jawa, bahasa Jawa adalah salah satu mata pelajaran yang selalu diajarkan mulai dari bangku kelas VII.
Ketika mempelajari bahasa Jawa, salah satu materi yang sering kali diajarkan adalah “sesorah. ” Apa yang dimaksud dengan sesorah? Sesorah bisa disamakan dengan pidato. Dalam bahasa Jawa, seseorang juga dikenal dengan istilah medhar sabda, yang maksud dan tujuannya kurang lebih sama.
Pengertian sesorah bahasa Jawa
Kata sesorah atau medhar sabda berarti menyampaikan informasi atau gagasan dengan cara diucapkan di depan umum. Temanya bisa bermacam-macam tergantung apa yang ingin disampaikan.
Tema-tema yang sering digunakan untuk sesorah di antaranya adalah, perpisahan sekolah, lingkungan, pendidikan, fenomena teraktual, sosial, kemerdekaan, pahlawan, hingga kesehatan.
Contoh sesorah Bahasa Jawa
Sesorah dengan tema pendidikan
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Para bapak, ibu lan sederek sedaya ingkang kula hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki mangga kula lan pan-jenengan sedaya ngucapaken raos syukur (alhamdulillah) dumateng ngersanipun Allah SWT. Ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehingga wakdal niki kita sedaya saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten “pendidikan nasional” ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun …
Perlu sanget kita sedaya sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kita Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal Nabi saw.
Taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedaya maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. Ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane Nabi saw. Ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun:
“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku. ”
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki mangga kula lan panjenengan sedaya ningkataken malih anggenipun kita ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kita sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Mugiyo amal ngabekti kula lan panjenengan sedaya dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Contoh sesorah Jawa dengan tema kebersihan lingkungan
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak lan Ibu guru ingkang kula hormati, dhumateng rencang sedaya ingkang kula tresnani, Hadirin ingkang kula berbahagia…
Mangga kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kula hormati…
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kula hormati
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kangge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kula hormati
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Sesorah Bahasa Jawa tentang kemerdekaan
Assalamuallaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan para alim, para kyai ing kang kula minulya, bapak-bapak / ibu-ibu ingkang kula hormati, lan para wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaso ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat walafiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhekaan Indonesia ingkang kaping …
Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawara aken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhekan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Leave a Reply